Rabu, 11 Februari 2015

Ayeme Ati Ora Soko Akehe, Nanging Soko Barokahe

Sugeng injang...

Rejeki iku ora biso ditiru, senajan podho lakumu, senajan podho dodolanmu, senajan podho kerjananmu, hasil sing ditompo bakalan berdo, iso bedo ning akehe bondho, biso ugo ono ning Rosso lan ayeme ati yo iku sing jenenge bahagia. Kabeh iku seko tresnane Gusti Kang Maha Kuwoso, Sopo temen bakal mulyo. Dudu akehe kang dadi ukurane ananging berkahe sing gawe cukup lan ngikutin sekabehane.

Wis ginaris nyoto ning takdir menungso yen opo sing urip kwi wes disangoni soko sing Kuwoso, dalan urip lan pangane wes cemepak cedak koyo angin sing diserot mbendinane, nanging kadang menungso sulap motone lan peteng atine, sing adoh sko awake katon padang cemlorot ngawe-ngawe nanging sing cerak ning ngarepe ugo dadi tanggung jawabe di sio-sio koyo ura nduwe guno.

Rejeki iku wes cemepak sko Gusti ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe manungso saka lair tekane pati, nanging yen nganggo nuruti karep menungso sing ora ono watese, rasane kabeh cupet, ning pikirane ruwet, lan atine marai bundet.

Welinge wong tua ndisek opo sing ono lakonono lan opo sing durung ono ojo di arep-arep yen wes tekan wancine bakal ono, semelehke atimu ademke pikiranmu yen wes dadi duwekmu mbesok bakal tinemu.

Lan yen dudu jatahmu opo maneh kok rebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo titeni wae iku kabeh mung bakal gawe uripmu loro rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirno balik dadi sakmestine ning takdire Gusti Kang Maha Kuwoso.


Yen umpomo ayem iku mung biso di tuku karo sopo sing nduweni akehe bondho, ndhano rekoso lan melase
dadi wong ora nduwe, untunge ayem tentrem wiluyeng iku sopo wonge sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, gelem ngerem kencenge kekarepan, seneng tetulung marang liyan lan pasrahke uripe marang Pangeran.

Sugeng makaryo...
Suwun.

Tidak ada komentar: