Jumat, 30 September 2016

iki PANTUN JOWO

Wajik kletik 

gulane jowo, 
wulune sitik
barange dowo

*_(sikat botol)_*

Pitik walik 
nguntal watu, 
wes nganggo gaya molak-malik 
kok ora metu-metu 

*_(ngutik celengan)_*

Sego gurih 
lawuhe sate usus,
pertamane perih 
maringono bludhas-bludhus

*(tindik kuping)*

Becik ketitik 
olo rupamu, 
digoyang sitik 
ben cepet metu 

*(ngundi arisan)*

Weruh wong gemblung 
marai mules, 
nduwur diambung
kok ngisore teles 

*(nggendong bayi ngompol)*

Kue putu 
diwadahi piring, 
nek ra metu metu
jajal karo miring 

*(kuping kelebon banyu)*.

Awak kurus 
dikiro mlarat, 
dikocok terus 
suwe suwe muncrat 

*(coca-cola mblarah)*.

Ono marmut 
lungguh nang dingklik, 
mari dimut 
kok dadi cilik 

*(permen)*









Gak kabeh seng kosro iku ngawur

Wong jowo guyonane mikir

Tidak ada komentar: